Cerpen

Kisah

Cerpen

Kisah

Cerpen

Kisah

Minggu, 14 Desember 2014

Prabandari

Sampun setengah tahun aku mulang menyang SMA ,jenengku Gunawan (pak gun).
muridku yen di wulang hormat lan gatekake.
aku wis apal sifat guru lan muridku,Aku krasa di tresnani
muridku amarga aku guru sing humoris. siji murid sing dadi kawigatenku kejaba ayu lan cepet ngerti yen di wulang,
prabandari jeneng muridku.
Sawijining dina prabandari takon marang aku =
prabandari :"pak gun panjenengan niku griyane ten pundi?"
aku :"aku kos,ana apa?"
prabandari "inggih,pengen reti,aku angsal dolan?"
aku :"wah.. pareng banget.
prabandari lunga lan ninggal esem, esem kuwi sing marahi
gonjang-ganjing atiku. Let telung dina prabandari dolan
menyang kos-kosan ku. dheweke laporan ora biso nggarap
PR,kebeneran aku biso nyawang ndari ning umahku.
ndari ngetokake kertas soal mau lan takon marang aku=
prabandari :"pak menawi soal tak garap mriki kados pripun?"
aku :"wah..kerjake ngumah bae"
prabandari :nggeh,mangke garap ngomah piambak"
Wektu semono ndari ora di suguhi,pak guru ngajak2
aku :"ndari metu jajan karo aku,piye?"
prabandari :"matur nuwun pak"
Nalika salaman,wektu ndari arep wangsul,tangane tak genggem
kenceng,lan tangan kiwa nyuwel pipine. prabandari dadi
nguculke genggemane lan ngomong=
prabandari :"Ach.. pak gun kok nakal,enjang tak ceritake
bocah2 loh pak"
aku :"Ojo..ojo..ojo.. yo wis mono wangsul,Ati-ati
nggeh !"
__ Wayah Sore aku glindingke motorku mubeng2,aku nuju
supermarket anyar.aku minggirke motorku lan arep
nyabrang,ana kenyok (perawan) ayu mlaku dhwekan.kenyok ayu
mau Aroh-aroh=
kenyok (?) :"Mirsani nopo pak?"
Aku malah mangsuli=
aku :"nggih,lha punika badhe tindak pundi?"
kenyok(?) :"Wih...kok karo murid e kangge basa alus pak"
aku :"Oh..ndari tho,arep menyang pundi?"
prabandari :"arep menyang supermarket niku pak"
barang dalan sepi aku lan ndari nyabrang,sak durunge aku
makirke motorku.. lan ndari mlebet menyang
supermarket.sakwise aku Luru ndari sing lagi belonjo,aku mlaku
ning mburine koyo wong pacaran kae.
Aku ngarep murid lan guru2 ora weruh aku merga ndak di
glendengi ning sekolahan.
Tekan jobo supermarket,aku nawani ndari=
aku :"ndari aku biso ngeterke kowe muleh"
prabandari :"aku biso muleh dhewe pak,matur nuwun"
aku :"yo wis aku muleh ndisek" (aku ngroso gelo)
Saben dino srawungku soyo raket, dadiake aku GR. ing
sekolahan aku gatekake lan apan nyawang mripate ndari,wektu
arep wangsul,aku nyender ning jejer lawan.ndari liwat ning
ngarepku dheweke mepet-mepet pundakk, Atiku Maknyess
rasane dadi gonjang-ganjing lan hubunganku karo prabandari
dadi cangkriman utawa teka-teki.
Wektu ndari wis tekan gerbang sekolah,ana mobil jass
metalic mandek . bocah bagus lan resik medhal saka mobil,lan
njur ngrangkul karo ngesun. ndari mbukak lawang lan jagok e di
jejer.
'Degg..Atiku mak jlegg, kae mesti pacara prabandar.
T ekan ngomah,Tas tak uncalake tanpo nyopot sepatu, batinku
ora trimo.. Awas wiwit sesok aku rak bakal gatekake
kowe,sutiwa aku kok di banding-bandingke karo bocah bagus
kae.
_Wiwit kae Ning sekolahan aku ora ngawaske prabandari,yen
pethukan aku mlengos wis pokok e ngedhohi dheweke. Aku
ngedhohi ndari 2 minggu.. Minggu ke-3 dek dino senin tekan
kamis ndari ora mangkat sekolah.
Dino jum'at wayah sekolah wangsul mobil sing biasa jemput
ndari dhateng menyang sekolah,bocah bagus iku
marani aku menyang kelas lan bocah bagus iku takon=
bocah bagus :"pak panjenengan niku leres gurunipun ndari?"
aku :"nggeh,lha jenengan niku sopone ndari?"
bocah bagus :"Aku jaluke izin lan aku kangmas e ndari"
'Deggg..Atiku mak jlegg,aku wis salah nyongko. Atiku welas
banget . :(
_ Wayah sore aku menyang umahe ndari sing wis di ke'i ngerti
cah bagus mau.barang wis tekan kono,aku di ter kangmas e
ndari menyang kamare.Prabandari tasek legerengan,aku mlebet
menyang kamare.. ndari langsung nutup awake nganggo
selimut tekan sirah. Aku lungguh ing pinggir kasur njejeri ndari.
Aku basa-basi takon marang kangmas e ndari=
Aku :"jeneng e panjenengan sinten?kok awet kenal
dereng ngerti jenenge?"
prabantoro :"kulo prabantoro,Mas e ndari"
_Kang mas e ndari pamit arep lunga ana kepentingan,Lan pesen
karo pak gunawan supoyo njogo omah lan titip ndari. sakwis e
kangmas e ndari lunga,aku mbukak selimut sing nutupi awake
ndari mau,aku medheki ndari lan ngomong ning kuping e=
Aku :"Ndari kowe Lara apa?"
prabandari :"Sakit manah" :'(
sak banjure ndari mangsuli koyo niku dheweke langsung
miringke awake,Lan pak gunawan weroh ing ngisor bantale
ndari ana buku diary ne, dheweke banjur mundhut lan maca
buku niku sing isine :
Wis rong minggu pak guruku ganteng seng tak tresnani
ngenengke aku seng
ora reti apa-apa,Atiku susah lan lara.wusanane aku dadi lara
kanthi saiki.
nganthi aku lara yen pak guruku terus ngenengke aku, aku bakal
pindah
sekolah liya.tresnaku marang pak gun bakal tak gowo MATI
__ aku wis maca kuwi Nanges.. Aku langsung Nyikep ndari karo
ngomong="ngapunten ndari,aku wis salah ngiro awakmu,nganthi
dadiake awakmu lara. ndari mangsli="Loch...lha kok pak gun
ngerti"
_> aku nuduhake Buku diary sing tak waca mau.Ndari mandeng
aku,mripate berkaca-kaca,aku nyikep awake ndari kenceng. aku
ngomong marang ndari="Cepet mari yo ndari,aku Tresna
marang awakmu lan aku Kangen banget karo awakmu"
Ana swara mobil,nandakake Kang mas e ndari sampun
wangsul,Aku pamitan karo ndari wektu arep wangsul.
"Ndari....cepet mari ben biso mangkat sekolah,konco-koncomu
wis kangen karo awakmu........."
~~~Wis pirang-pirang TAHUN ora kroso,AKu ing dalan
boncengan karo wong ayu kuliah jurusan sastra,AKu weroh ing
tangan drijine ana cincin Tunangan sing inisiale jeneng ku,
Kenyata wong ayu niku Prabandari Tunanganku :)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar